Ilang’e Tresnaku

000

Oleh: Khwarizmi Aslamriadi

Minggu Wage

Ceritane nang warung cidek Jembatan Abang, sorene Suroboyo sek keroso tentrem campur sari karo panas. Motor-motor podo mlayu balek moleh omah dewe-dewe. Apik’e kota pahlawan dino iku ketambahan semangat’e Cak Suroso karo si Son seng lagi nyiapno kopi karo gorengan gawe poro pelanggan.

Cak Suroso : Son, koen gak melu tahlilan?

Son : Saiki malem senin Cak, duduk malem jemuah.

Cak Suroso : Tahlilan nang omah’e Mbak Yatmi. Mosok tonggo dewe gak ngerti. Salah siji dulur’e ono seng mati.

Son : Ndeh, sinten? Sampean ojo gedabrus. Sampean dewe kan ngerti aku wingi ijin rong dino gawe nyambangi mbahku. Aku dewe iki kaet balek tekan kono. Sa’aken cak mbahku, wis sepuh, loro-loroen, yo kari ngenteni sedone ae.

Cak Suroso : Hush, ngawur koen le. Kualat koen engkok!

Son : Sopo songko Cak. Kuasane gusti Alloh sopo nyono.

Cak Suroso : Cangkemu Son, jogoen. sak pengucape lambe iku dungo Son, ilingo.

Ragil : Cak, kopi ireng loro kentel, tambah rokok sak bungkus.

Cak Suroso : Loh Gil, karo sopo koen? Son, kopi ireng loro gawe Ragil. Rokok’e ben aku ae seng jupuk.

Ragil : Konco tekan malang Cak, kaet balek moleh nang omah’e bapak’e. Tak jak mrene ben virus Aremane ilang.

Cak Suroso : Ojo ngawur koen Gil, yo ngene iki seng garai Bonek-Arema gak iso akur.

Ragil : Loh, sampean pingin damai karo arek Malang Cak? Gak ngipi aku iki? Opo kupingku seng budek? Cobak sampean baleni cak, temen sampean ngomong iku?

Cak Suroso : Yo temen Gil, sopo seng gak pingin damai? Bayangno, Bonek ambek Arema akur. Eh sopo jeneng koncomu iku?

Slamet : Slamet Cak, ayahku asli Suroboyo, ibuku seng wong Malang Cak.

Cak Suroso : Wiih, mantap. Yo iki contoh seng apik. Bajul karo singo rabi, mbrojol dadi Slamet, koyok Herkules ae koen Met.

Ragil : Bapak’e Herkules iku Zeus cak, dewo. Dewo ambek menungso rabi, dadi Herkules. kok iso dipadakno karo Slamet iku loh.

Cak Suroso : Yo kan bapak’e Slamet asli Suroboyo, garis keturunan langsung soko pahlawan, lah ibu’e teko malang …… Eh iku, kopimu wis dadi.

Son : Iki kopine Gil, kopi ireng kentel paling enak sepanjang Jembatan Abang.

Ragil : Suwon Mas Son. Sampean iku Cak Sur, wis rasis keliru. Maeng ae ngomonge ojo rasis, sampean dewe rasis.

Cak Suroso : Eh Son, rokok’e Ragil.

Slamet : Gil kerungu gak koen, jarene wingi ono mayit seng dibuak nang daerah kene, iyo ta?

Ragil : Emboh Cak Sur seng biasane ngerti, iyo ta Cak, ono mayit seng dibuak sembarangan nang kene?

Cak Suroso : Ya gak dibuak nang warungku Gil.

Ragil : Wah, nambah serem ae Jembatan Abang iki rek. Wis akeh seng mati kerono perang mosoh Inggris biyen, ketambahan mayit dibuak ngawur. Temen ta Cak?

Cak Suroso : Awakmu iku takon ta mbade’i. Dijawab temen malah gak percoyo.

Ragil : Koen ngerti tekan endi Met, Slamet?

Slamet : Mbakyuku maeng ngandani, pas isuk-isuk moleh tekan pasar. Yo aku kaget, makane maeng pas umak ngejak aku ngopi rene tak iyani ae.

Ragil : Hmm, Arema’e kumat. Umak-umak, diwolak-walik, utekmu engkok seng kuwalek. “Koen” ngunuloh kan enak, lanang, mantep. Iki loh Cak Sur seng kudu diwarasi.

Son : Loh iki maeng loh rek, piye sidane? Ceritane sido yo’opo perkoro mayit seng dibuak nang nisore Jembatan Abang iku?

Ragil : Aku dewe yo gak ngerti Mas Son, ngertiku yo sek tas iki maeng dikandani Slamet. Cak Suroso iku maeng loh seng jarene arep cerito. Loh, nang endi Cak Sur? Mosok ilang dibuak nang nisor Jembatan Abang sisan. Wah, ojo ngunu talah rek, kok seneng seng medi-medi ngunu ya!

Son : Lagi nang jeding wong’e, ditinggal diluk langsung kangen ae rek.

Ragil : Ora ngunu Mas Son, kan sampean sisan seng pingin ngerti ceritane. Hem hem, takon Slamet ae loh. Tapi lek cerito ojo diwolak-walek maneh. Tak gibeng tangan kiwo awakmu.

Slamet : Iyo-iyo Gil, sing santai. Setelan kendo ben gak pedot.

Son : Iyo wis ndang cerito’o Met, Slamet.

Slamet : Enggeh-enggeh Mas. Sak sruputan engkas. Kopi sampean mantep.

Son : Eh, by the way, awakmu orep nang Malang gak tau diresek ambek arek Malang?

Slamet : Sampean iki pingin tak ceritani seng endi? Uripku nang Malang a?

Ragil : Laiyo Mas Son, ojo ketularan Cak Sur talah.

Son : Yowis seng mayit nang nisor Jembatan Abang sek. Tapi engkok cerito’o ya uripmu nang Malang. Suwe aku Met gak dolan Malang. Terakhir yo biyen sedurunge kejadian matine arek Panjen nang daerah Sragen. Wiiih serem ya, ceritane koncoku, sepedane remuk ajur dibabras karo arek Malang pas arah nang Kediri.

Ragil : Sampean iku sido diceritani ora?

Son : Nyolot ae koen Gil.

Slamet : Sabar Mas Son, sabar.

Ragil : Yowis ndang cerito.

Son : Awakmu kok emosi seh Gil?

Slamet : Wis, uwis Mas, dadi maeng isuk iku, mbakyuku moleh tekan pasar gupuh kabeh, kaget aku, sontak mbengok nyelok jenengku. Aku yo langsung moro, marani mbakyuku. Ceritone, ono mayit dibuak nang nisore Jembatan Abang. Jarene mari diperkosa terus dipateni, lah tersangkane bingung kate dibuak nang endi, palingan yo pas liwat Jembatan Abang, langsung dibuak nang kunu. Subuh maeng jam teluan, onok uwong becak penasaran ndelok barang gede ngambang nang kali, diparani ternyata mayit. Lah sore maeng, si Ragel dolan nang omahku, jarene arep ngejak aku nang warung seng kopine mantep ndek daerah Jembatan Abang iki. Yowis aku langsung melu, sekalian pingin ngerti kejadian asline piye. Ngunu Mas Son, ceritane.

Son : Lah trus mayite maeng sido sopo? Wis ngerti ora?

Slamet : Durung ono beritane Cak, aku maeng ngecek nang tv yo sepi. Mbakyuku dewe yo gak ngerti mayit iku sopo jeluntrungane. Paleng yo mene isuk ndek koran anyar kaet muncul informasine.

Ragil : Terus tersangkane sido piye?

Slamet : Durung jelas sisan sopo tersangkane. Lah aku maeng kan wis ngomong Gil!

Son : awakmu ngerti lek mari diperkosa piye? Mosok wis ono hasil otopsine?

Slamet : Ora Mas, ngertiku yo tekan ceritane mbakyuku. Coba sampean cek talah nang tv, bekne wis ono. Ngertiku yo ono kejadian, mayit dibuak nang nisor’e jembatan dan seng nemu iku wong becak. Wis iku tok.

Risman : Cak, kopi cemeng telu koyok biasane. dibungkus karo gorengan limangewu.

Ragil : Cak Sur lagi ndek jeding, mboh lapo wonge kok betah. Ngedusi manuk’e paleng.

Slamet : Lek nang Malang, ben sawangane alus, manuk arane kunam Gil.

Ragil : Ora ngurus.

Son : Awakmu kene’opo seh Gil, kaet maeng kok emosi. Oh iyo Ris, keon sido pesen opo?

Risman : Iku Mas Son, bungkus kopi ireng telu, koyok biasane. Seng kentel loh Mas. Karo nambah gorengan limangewu.

Son : Beres Ris. Kok dungaren dibungkus?

Risman : Oh iyo, iki maeng adik’e koncoku tekan Solo kondang dolen nang omahku. Mas Son, iki tv’e oleh tak genti acarane? Kok dungaren sampean nyetel berita. Padahal onok bal-balan seru.

Son : Yo iki maeng, pingin ngerti beritane mayit seng dibuak nang nisore Jembatan Abang.

Risman : Lek iku yo mboh Cak, sek durung jelas beritane.

Ragil : Terus sidane piye?

Risman : Apane?

Ragil : Yo beritane, perkoro mayit.

Risman : Jelase gak ngerti, tapi ngertiku yo mayite iku wedok, trus jarene wong-wong mayit iku sedurunge mati dipekso, diperkosa, baru dipateni. Keto’e arek daerah kene Cak. Selentingan aku koyok ngerti jeneng mayite.

Son : Koen jare sopo?

Risman : Jare uwong.

Slamet : Terus tersangkane sido piye Mas?

Risman : Emboh, paleng polisi lagi gencar gelek pelakune.

Ragil : Lah, jeneng mayite sido sopo Mas?

Risman : Lali aku.

Son : Ayu?

Risman : Yo gak eroh Mas Son,

Son : Loh, jeneng’e ikuloh, Ayu ta?

Risman : Gak roh Mas Son, sampean iku takon kok aneh. Eh iki maeng loh, acara tv’e oleh tak genti?

Son : Oh iyo gentien.

Risman : Pingin ngerti aku kalahe bal-balane arek Meduro.

Son : Koen iku ojo ngenyek Ris, masio rodok keras tapi bal-balane mantep.

Ragil : Meduro mosoh sopo Mas?

Risman : Arema.

Ragil : Leh, sampean iku Arema ta Bonek? Ojok mencla-mencle.

Cak Suroso : Koen iku opo seh Gil, seng santai dadi wong iku.

Risman : Sampean tekan endi Cak?

Cak Suroso : Hajatan nang jeding.

Ragil : Eh koen mateng, satu sama yes. Kapok koen gak sido menang. Mariki mari yes, pertahankan Meduro.

Cak Suroso : Dungaren awakmu belo Meduro Gil.

Ragil : Musuhnya musuh adalah kawan Cak Sur.

Son : Iki Ris, bungkusanmu. Total’e patbelas ewu.

Risman : Oh iyo Cak, suwon. Bal-balane yowis mari.

Cak Suroso : Iyo Ris, ati-ati.

Ragil : Aku balik sisan Cak Sur. Ayo Met.

Cak Suroso : Kok gupuh Gil? Dungaren.

Ragil : Puas aku Cak, Arema gak sido menang. Piro aku iki maeng? Kopi ireng loro ambek gorengane papat.

Cak Suroso : Wolu Gil, bungkuso gorengan papat maneh, ben jangkep sepuluh ewu.

Ragil : Sampean iku iso ae Cak.

Cak Suroso : Wis tah cepet.

Ragil : Iyo-iyo Cak.

Cak Suroso : Ojo dilebokno ati Dek Slamet, pengucape Ragil. Yo ngono iku, bocah seng kurang iso njogo cangkeme.

Ragil : Loh, Slamet mrene pisan diceluk Dek. Lah aku kapan Cak Sur?

Cak Suroso : Wis tah, koen iku tetep adekku seng paling mbois. Wis ndang moleh’o.

Ragil : Yowis, monggo Cak Sur, monggo Mas Son.

Slamet : Monggo sedoyo.

Cak Suroso & Son : MONGGO.

Cak Suroso : Yo ngunuiku kelakuane adekmu Ragil. Masio kadang lambene gak iso diatur, tapi atine iku alus, apik. Seneng rewang nang sesomo.

Son : iyo cak, aku yo ngerti. Tapi lek gak onok Ragel rasane warung iki yo sepi. Eh Cak, rokok’e Ragil durung dibayar.

Cak Suroso : Ndoh, iyo ta? Kebiasaane arek iku! Yo mene lek arek’e mrene ilingno ya, ojo nganti lali maneh. Oh iyo Son. Mene awakmu meluo tahlinan ae nang omah’e Mbak Yatmi, warung’e tak jogone sek.

Son : Yo ojo Cak, jenenge aku mergawe melu sampean, wis gelek sampean enakno. Wingi ae aku wis ijin, mosok mene ijin maneh.

Cak Suroso : Gak opo, mosok koen temen gak gelem melu tahlilan?

Son : Nggeh purun, emange sinten seh Cak seng sedo?

Cak Suroso : Ikuloh, sopo, misanane Mbak Yatmi seng mbok senengi iku, sopo jenenge?

Son : Lastri.

Cak Suroso : Iyo Sulastri.

Son : Opo’o Cak karo Lastri?

Cak Suroso : Yoiku!

Son : Opone Cak? Seng sedo?

Cak Suroso : Iyo, tapi koen ojo nangis.

Son : Loh, temen ta Cak? kapan?

Cak Suroso : Dino wingi.

Son : Halah, ngapusi sampean iku.

Cak Suroso : Yowis lek gak percoyo.

Son : Seng temen ta Cak.

Cak Suroso : Keto’en jempolku lek gak percoyo. Jan eman Son, kurang wajar sedone Sulastri, sa’aken arek’e, mayit seng dibuak nang nisor jembatan abang iku yo gak mbojok, yo mayite si Sulastri iku.

Son : Maeng sore Cak, sedurung’e tekan kene, sempet ketemu arek’e. Aku ngerti, motoku gak mbojok, Lastri sore maeng sepedaan ijen, papasan karo aku nang dalan Veteran. Sampean iku iso ae lek guyon.

Cak Suroso : Son, aku dewe yo ora gelem percoyo. Sedurunge koen teko maeng aku dikabari Cak Suad lek misanane Mbak Satmi sedo.

Son : Misanane Mbak Yatmi akeh Cak, gak Lastri tok!

Cak Suroso : Ngene loh Son, sedurunge ono kabar lek misanane Mbak Yatmi sedo, aku entok kabar disek, jarene mayit seng dibuak nang nisore Jembatan Abang iku mirip karo Sulastri. Misanane Mbak Yatmi seng mbok senengi kui.

Son : Lah terus seng papasan karo aku sore maeng sopo Cak?

Cak Suroso : Wah, awakmu ojo meden-medeni Son. Keto’-keto’en paleng awakmu.

Son : Temen Cak, ora mbijuk aku. Sampean dewe piye?

Cak Suroso : Haduh Son, lek koen ora percoyo yo raopo. Cobak cek’en engkok pas koen moleh, takono ibumu, utowo langsung ae nang omah’e Lastri.

Son : Sek Cak, seng temen? Sampean iku ojo guyon! Mosok aku keto’-keto’en.

Cak Suroso : Aku yo gak iso mekso koen percoyo Son.

Son : YA ALLOH, temenan sampean Cak? Tuhan Pengeran Gusti Alloh. Dadi arek wedok seng diperkosa terus dipateni dan mayite dibuak nang nisor Jembatan Abang iku mayite Sulastri?

Cak Suroso : Iyo Son, seng sabar. Ojo emosi. Istighfar.

Son : Wah, gak iso dijarno iki! endi arek’e Cak, seng wani mateni Lastri, mati-mati ayo bacokan karo aku.

Cak suroso : Son, Son, sabar, koen kate nang endi?

Son : Aku pamet moleh Cak. Ngunu sampean yo gak gelem ngomong ket maeng nang aku.

Cak Suroso : Kok maleh nyalahno aku! Son, Son, sabar Son.

Son wis keburu emosi mlayu ngilang tekan warung. Cak Suroso ngeroso serba salah. Kate ngejar si Son tapi warunge sek durung wayahe tutup. Bengine Suroboyo dino iku bener temenan adem rasane. Sepi ditambah udan gremes seng makin deres.

Badam-Malang, Mei 2017

Tinggalkan komentar